Artwork

Вміст надано Tze-John Liu. Весь вміст подкастів, включаючи епізоди, графіку та описи подкастів, завантажується та надається безпосередньо компанією Tze-John Liu або його партнером по платформі подкастів. Якщо ви вважаєте, що хтось використовує ваш захищений авторським правом твір без вашого дозволу, ви можете виконати процедуру, описану тут https://uk.player.fm/legal.
Player FM - додаток Podcast
Переходьте в офлайн за допомогою програми Player FM !

Pile pilchi re .jawa re. gen mikkangchi .mp4

2:34
 
Поширити
 
Manage episode 399384881 series 3552418
Вміст надано Tze-John Liu. Весь вміст подкастів, включаючи епізоди, графіку та описи подкастів, завантажується та надається безпосередньо компанією Tze-John Liu або його партнером по платформі подкастів. Якщо ви вважаєте, що хтось використовує ваш захищений авторським правом твір без вашого дозволу, ви можете виконати процедуру, описану тут https://uk.player.fm/legal.

Cover Song by Holifield Marak.mp4 //
Abdining Yehuwah kang nandhang sangsara

52:13–53:12

13Lah AbdiningSun bakal oleh gawe, bakal kaluhurake, kaalembana lan kamulyakake.

14Kayadene anggone wong akeh bakal padha dheleg-dheleg. nyumurupi Panjenengane – amarga saka bangeting rusake pasemone, nganti ora kaya manungsa maneh, lan katon ora kaya anaking manungsa maneh, –

15 mangkono anggone Panjenengane damel gumuning bangsa akeh, para raja bakal padha sidhem mirsani Panjenengane; amarga apa kang durung kawartakake, bakal kasumurupan, tuwin apa kang durung kapireng, bakal dimangertosi.
===================
YESAYA 53

1 Sapa kang ngandel marang pawarta kang padha dakrungu, lan sapa kang kawedharan astaning Yehuwah kang kwaos iku?

2Panjenengane iku thukul kaya trubusan ana ing ngarsaning Yehuwah, tuwin kaya semen saka ing lembah garing. Ora bagus ing warna lan ora kagungan kaendahan. kang njalari kita banjur padha nyawang, sarta ora kagungan rupi, kang menginake kita.

3Panjenengane dianggep asor lan disingkiri ing wong, sawijining priya kang sugenge kebak kasangsaran. sarta kulina nandhang gerah; banget anggone karemehake, nganti wong padha nutupi raine ana ing ngarsane. tuwin sanadyan tumrap kita Panjenengane iku iya ora klebu etungan.

4 Mangka sanyatane lelara kita kang disanggi. lan kasangsaran kita kang dirembat, ewasamono kita padha ngira Panjenengae iku kena ing ipat-ipat, kagebag tuwin katindhes dening Gusti Allah.

5 Mangka Panjenengane iku sinudukan marga saka anggon kita padha mbalela, Panjenengane karemuk marga saka piala kita; ganjaran paukuman kang nekakake karahayon tumrap kita iku kadhawahake ing Panjenengane, sarta marga saka bilur-bilure kita banjur padha dadi waras.

6 Kita padha nglambrang kayya wedhus, dhewe-dhewe kang kita ener, ewadene Pangeran Yehuwah nempahake sakehing duraka kita marang Panjenengane.

7 Panjenengane kinaniaya, nanging kendel bae sajrone katindhes iku. lan ora mbikak tutuke. kaya cempe kang katuntun menyang ing pasembelehan; kaya wedhus kang ora nywara ana ing ngarepe. para wong kang padha ngguntingi wulune, kaya mangkono anggone ora mbikak tutuke.

8 Sawuse katahan lan kaukum Panjenengane nuli kaluwaran, lan sapa kang mikir marang nasibe? Panjenengane sanyata wus kapethal. saka ing nagarane para wong urip, tuwin marga saka pambalelaning umatingSun

Panjenengane kena ing ipat-ipat.

9 Pasareane kapapanake ing satengahe para wong duraka, lan anggone seda ana ing satengahe para durjana,

sanadyan Panjenengane ora nindakake kekerasan. tuwin tutuke ora kadunungan cidra.

10 Nanging Pangeran Yehuwah karsa ngremuk tuwin damel gerahe Panjenengane. Samangsa Panjenengane wus masrahake sarirane minangka kurban panebusing dosa, bakal mirsani tedhak turune, yuswane bakal panjang,

sarta karsaning Yehuwah bakal tumindak. sarana astane.

11 Sawuse nyawane nandhang sungkawa. Panjenengane bakal mirsani pepadhang nganti tuwuk; tuwin AbdiningSun iku, sarehne wong bener, bakal ngleresake wong akeh kalawan kawicaksanane, lan ngrembat pialane wong-wong mau.

12 Awit saka iku bakal Sunparingi panduman wong-wong kang luhur minangka bandhangan, tuwin bakal tampa wong-wong kang santosa minangka jarahan, yaiku pikolehe anggone wus masrahake nyawane marang pati lan marga saka anggone kagolongake wong mbalela, sanadyan Panjenengane nanggel dosane wong akeh. lan ndongakake para wong kang mbalela.

  continue reading

37 епізодів

Artwork
iconПоширити
 
Усі епізоди

×
 
Loading …

Ласкаво просимо до Player FM!

Player FM сканує Інтернет для отримання високоякісних подкастів, щоб ви могли насолоджуватися ними зараз. Це найкращий додаток для подкастів, який працює на Android, iPhone і веб-сторінці. Реєстрація для синхронізації підписок між пристроями.

Короткий довідник